teksJalan

************************************************************************************************************************************************************************************************************************************* efryssilalahi-kebudayaan.blogspot.com efryssilalahi-kebudayaan.blogspot.com efryssilalahi-kebudayaan.blogspot.com **************************************************************************************************************************************************************************************************************************************

Minggu, 01 Mei 2011

JAWA

Budaya jawa


Budaya Jawa pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwamadya lan wusananing kahanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam lan apa waé sing ana sakliyané dhèwèké kudu isa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.


Sajarah
Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwé banget anané. Budaya Jawa ora madeg dhéwé.AnimismeDinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. HindhuBudhaNasrani lan Islam ya akèh banget pasumbangé marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukané gampang nampa lumebuné bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerané. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jawa sing tansah nggolèki larasé swasana gampang nampa ananing budaya liya.


Sub Budaya Jawa
Jawa Wétanan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Wetan
Sub budaya Jawa Wétanan iku sing umumé ana ing provinsi Jawa Wétan. Sub budaya iki sebagéyan dipengaruhi budaya Madura lan sebagéyan manèh isih nganut budaya Jawa kuna, Tuladhané kaya déné sing dianut suku Tengger.


Jawa Tengahan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Tengah
Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wétan provinsi Jawa Tengah lan sisih kulon Jawa Wétan. Umumé dipengaruhi budaya sing urip ning kratonan.




Jawa Banyumasan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Banyumasan
Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih prasaja lan nganut nilai-nilai egaliter,cablaka lan baworan.


Tradhisi lan Adat
Upacara adat Jawa
Pengantenan adat Jawa
Nyadran


Liyané
Rasukan adat Jawa
Umah adat Jawa
Kalendher Jawa
Watek Jawa
Keris Jawa
Seni tradhisional saking Jawa


Tidak ada komentar:

Posting Komentar